Kumpulan Soal Tes Kemampuan Akademik (TKA) Bahasa Jawa Kelas 6 SD Semester 1 Tahun 2025
Artikel ini menyajikan kumpulan soal Tes Kemampuan Akademik (TKA) Bahasa Jawa untuk siswa kelas 6 SD semester 1 tahun 2025, lengkap dengan kunci jawaban. Soal-soal ini mencakup berbagai materi pembelajaran Bahasa Jawa seperti teks fiksi, tembang macapat, pupuh, paribasan, cangkriman, pidhato, serta cerita pewayangan. Latihan ini bertujuan untuk membantu siswa memperdalam pemahaman terhadap bahasa, sastra, dan budaya Jawa, sekaligus mempersiapkan diri menghadapi evaluasi akademik semester ganjil.
Contoh Soal dan Jawaban
Wacana untuk soal nomor 1-2
Kacarita, wong-wong sing arep golek pesugihan wis antri wiwit esuk. Dheweke pengin mulya uripe nanging ora ndadak kerja. Manut kapercayane, golek pesugihan kaya mengkono cocog ing alam kang sarwa angel kaya mengkene. Kerja saben dina wae durung mesthi mulya uripe. Mangkono batine wong-wong kang pengin sugih nanging ora gelem kerja kanthi rekasa.
Ananging sajtine jalmane manungsa iku kudu obah ringkel saperlu nyukupi kabetahane. Kudu luru penggawean apa wae saperlu oleh rizki ingkang halal.
-
Undheran gagasan/tema saka pethikan teks crita fiksi ing dhuwur yaiku….
A. Tetanen
B. Katresnan
C. Pangupa jiwa/ekonomi
D. Pariwisata
Jawaban: C -
Menawa jingglengi panggonan ukara utamane, teks crita fiksi ing dhuwur kelebu jinis paragraf….
A. deduktif
B. induktif
C. campuran
D. deduktif-induktif
Jawaban: B -
Amanat saka teks crita fiksi ing dhuwur yaiku….
A. wong pengen mulya ora perlu kerja saben dina, pekir sugiuh wis ginaris
B. wong pengen mulya uripe cukup golek pesugihan ora kudu kangelan kerja
C. wong pengen mulya kudu gelem iktiyar, ora mung nunggu netesing embun langit
D. wong urip usah rekasa nyambut gawe, sugih pekir ing tangane sing Mahakuwasa
Jawaban: C
Wacana untuk soal nomor 4-5
Shinta tansah ngarih-ngarih marang Sri Rama supaya kidang kang apik, resik, kuning kaya denen kencana (emas) dicekel. Panyuwune Shinta makaping-kaping marang garwane.
Sepisan Rama ora kersa, nanging suwe-suwe penggalihe Rama lilih uga. Amarga Shinta tansah nyenyuwun kanthi ngenggoni subasita/rasa urmat marang garwane supaya kidang mau bisa kecekel. Wusana Rama pamitan marang Shinta saperlu nyekel kidang mau, dene Lesmana kang kapatrapan jejibahan njaga Shinta aja nganti uwal saka panggonan kang wus ditemtokake.
-
Manut teks ing dhuwur, kewan iku mau rupane kencana. Tembung kencana mengku teges….
A. ijo
B. kuning
C. ireng
D. abang
Jawaban: B -
Pratelan ing ngisor jumbuh karo isine teks ing dhuwur yaiku….
A. anggone jaluk Shinta marang garwane sakkepenake
B. Rama lunga mburu kidang kencana amarga kepinginane dhewe
C. Lesmana tetep siyaga ngupadaya melu mburu kidang kencana ing alas
D. Shinta nyuwun marang garwane kanthi adreng ananging tetep gawa unggah-ungguh
Jawaban: D
Wacana untuk soal nomor 6-7
Pupuh Pangkur Pada 1
Kang sekar pangkur winarna
lelabuhan kang kanggo wong ngaurip
ala lan becik puniku
prayoga kawruhana
adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ta ingkang tata karma
den kaesthi siyang ratri.
-
Tembung prayoga ing teks kasebut mengku teges….
A. luwih bisa
B. luwih bener
C. luwih pinter
D. luwih becik
Jawaban: D -
Manut surasane, tembang ing dhuwur ngemu piwulang/isi arupa….
A. urip iku kudu aja seneng umuk
B. wong urip kudu tansah waspada
C. tumindak ala lan becik kudu dingerteni
D. tata krama tansah diudi lan ditindakake awan lan bengi
Jawaban: D
Wacana untuk soal nomor 8
Pupuh Sinom Pada 1
Ambege kang wus utama
Tan ngendhak gunaning janmi
Amiguna ing aguna
Sasolahe kudu bathi
Pintere den alingi
Bodhone dinokok ngayun
Pamrihe den inaa
Mring padha padhaning janmi
Suka lila den ina sapadha-padha
- Manut teks tembang kasebut, watake wong utama kudu bisa….
A. nutupi bodhone
B. nambahi bodhone
C. nutupi kapinterane
D. ngetokake kapinterane
Jawaban: C
Wacana untuk soal nomor 9
Pupuh Sinom Pada 2
Ingsun uga tan mangkana,
balilu kang sun alingi,
kabisan sun dokok ngarsa,
isin menek den arani,
balilune angluwihi,
nanging tenanipun cubluk,
suprandene jroning tyas,
lumaku ingaran wasis,
tanpa ngrasa prandene sugih carita.
- Pratelan kang jumbuh kalian isine tembang Sinom ing ndhuwur yaiku….
A. Lumrahe manungsa iku sok duduhake kapinterane
B. Lumrahe manungsa iku biasane nuduhake bodhone
C. Lumrahe wong kang cubluk, bakal nutupi kapinterane
D. Lumrahe wong kang cubluk, bakal ngetokake bodhone
Jawaban: A
Wacana untuk soal nomor 10
“…. Mbok Randha bungah panggalihe amarga panjaluke kepingin kagungan putra wis kaleksanan. Mbok Randha ngucapake sokur marang Gusti Allah amarga dongane wis dikabulake. Bayi iku mau wadon. Pakulitane resik alus kaya kulit timun. Amarga lair saka timun sing kuning kaya emas, bayi wadon kuwi dijenengake Timun Mas. Sawise Timun Mas ngancik diwasa, Mbok Randha kelingan janjine marang Buta Ijo menawa arep menehake Timun Mas. Mbok Randha dadi susah atine. Rina wengi Mbok Randha donga supaya entuk pitulungan saka Gusti Allah. Salah sawijining wengi, Mbok Randha ngimpi kapethuk wong tapa ing Gunung Gandhul. Wong tapa kuwi mau kang bisa nulungi supaya Timun Mas ora dipangan Buta Ijo ….”
- Amanat utawa piwulang luhur kang bisa kapethik saka teks crita kasebut yaiku ….
A. methuki wong tapa ing Gunung Gandhul
B. aja gampang susah yen durung duwe anak
C. Buta ijo arep menehi anak marang Mbok Randha
D. tansah sokur lan dedonga marang paringane Gusti Allah
Jawaban: D
